pidato pasrah penganten ( jawa )

pidato pasrah penganten kakung


Assalamualaikum Wr.Wb
o    Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur
o    Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan
o    Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.
o    Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo.
o    Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.
o    Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo.
Sang yaning para tamu ingkang tansah pinundi pundi, kawulo nuwun kanti linambaran pepayungipun raos suko sukur dumateng Gusti, mugi rahayu wilujeng sagung ing Dumadi. sak lebetipun wonten ing pahargyan agung prastowo punika.

(setelah mengucapakan puji syukur selanjutnya intinya teks pidato pasrah penganten kakung ada di bawah ini, lanjutkan untuk membacayanya)
Panjenanganipun Bp…(ingkang nampi) ingkang sepisan ,wondene wigatosing sedyo sowan kulo wonten ngarso panjenengan ingkang angka pisan ngaturaken sewu pangapunten mbok bilih ingkang hamengku gati…(besan saking temanten kakung) boten sagen masrahaken putanipun calon temanten kakung kapekso namung saged mgatiraken salam taklim mugi katuro dumateng panjenengan sedoyo, ingkan lumantar kawula. mbok bilih anggenipun hangrakit sekar cempoko mulyo, hamiwoho suto mahargya siwi tetepo winengku ing suko basuki.

Jangkep kaping kalih, rehing putra calon temanten kakung nuwun inggih panjenenganipun Bg…..(nama temanten kakung), atmaja panjenenganipun Bp/ibu….ingkang pidalem ing….sampun kelampahan ijab/daup kaliyan Rr….(nama temanten putri), atmojo panjenenganipun Bp/ibu…(orang tua dari temanten putri), kala wau dinten…Surya kaping….( tanggal, bulan dan tahun proses ijab qobul), wanci tabuh ….mapan ing dalem….mriki, kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.
Mbok bilih sampun titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken, mugi saged katindakaken dhaup panggihipun temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing padukuhan….(nama desa prosesi acara tersebut)…kula sak pengombong tansah jumurung pamuji ing karso, sinatran puji dongo mugi gusti tansah ngijabahi dumateng temanten sarimbit, anggenipun amangun brayat engga, tansh manggih guyuo rukun, atut runtut, ayem tentrem, rahayu ingkang tinuju, bagya mulya ingkang sinedyo.
Dene ingkang wekasan, sesampunipun paripurnaning pahargyan kula sarombongan pengombyong temanten kakung, kaparengo nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis ing rubedo nir ing sambikolo dumugi dalemipun soang -soang.
Semanten ugi mbok bilih kawula anggenipun minangka talanging basa wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur, kirang subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lunturing sih samodra pangaksami.
Akhirul kalam, wabilahi taufik wal hidayah

Wassalamuaalaikum wr.wb.

Sekali lagi ingat ini hanyalah sebuah contoh teks pidato pasrah penganten kakung. Sedikit yang bisa saya sampaikan semoga bisa bermanfaaat dan semoga anda bisa berlatih dan bisa anda kembangkan sesuai dengan adat istiadat yang berlaku di daerah dimana anda tinggal masing-masing. Sukses selalu buat anda…Amien
Pasrah Temanten Putri
Pada saat Pahargyan Ngundhuh Mantu, yaitu resepsi pernikahan di tempat pengantin pria, biasanya ada pidato penyerahan mempelai putri. Pidato ini disebut Atur Pasrah Penganten Putri. Biasanya orang tua mempelai putri berwakil kepada seseorang yang dipercayainya, sang wakil ini disebut Duta Saraya Pasrah atau Duta Wacana yang merupakan tokoh penting di dalam rombongan pengiring mempelai putri (=pengombyong). Tetapi adakalanya terjadi hal yang luar biasa, dimana orang yang dimintai tolong menjadi Duta Wacana itu tidak ada atau mendadak berhalangan. Karena itu mau tak mau keluarga pengantin putri itu mesti tampil sendiri menyampaikan pidato tersebut. (Bagaimana seandainya hal itu terjadi pada kita?....) Berikut adalah contoh Atur Pasrah Penganten Putri yang disampaikan sendiri oleh walinya (bapaknya atau kakaknya).




Assalamu'alaikum wr.wb.
( ayat )



Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen. Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom ..................................... ingkang kula mulyaaken. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz Ustadzah ingkang mboten saged kula sebat asma setunggal-setunggalipun, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pendonga, miwah pitutur luhuripun. Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, minangka pandam pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan tinuladha. Sumawana sanggyaning para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun, panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangku gati)............ gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan agung ing ..................(kampung).............. ngriki ingkang luhur ing budi.



Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal kula panjenengan sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin'. Shalawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya, inggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.



Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat sinudarsana, kakung sumawana putri. Minangkani sedaya kulawarga saking .......(asal desa alamat)............ , langkung rumiyin keparenga kula ndherek nepangaken, bilih nami kula ................................., kula menika bapakipun/masipun penganten putri, keparenga matur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .......(pemangku gati)............ dalah gotrah kulawarga,
Ingkang sepisan, kula sarombongan saking .......(asal desa alamat)............ sowan dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu .........(pemangku gati).............. sagung kulawarga, niat silaturrahmi.



Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklim lan salam takzhim katur dhumateng panjenenganipun Bp/Ibu ............(pemangkugati)......... sagung kulawarga dalasan bebrayan agung ing .......(kampung)............ ngriki, saha sanggyaning para rawuh para pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “Assalamu'alaikum wr.wb.”



Kaping tiganipun, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............ ngaturaken ndherek suka bingah dene panjenenganipun Bp .......(pemangkugati)........ sagung kulawarga kepareng minahargya ngundhuh mantu kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah lajeng nampi kula sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula sarombongan ngaturaken maewu-ewu syukur alhamdulillah saha agunging panuwun.



Panjenenganipun Bp/Ibu ........(pemangkugati)......... dalasan kulawarga ingkang dhahat kinurmatan, minangkani kulawarga ageng saking .......(asal desa alamat)............, keparenga kula hamasrahaken temanten kekalih, nuwun inggih Mas Bagus .......(jeneng nganten kakung)......... kaliyan anak/adhi kula nuwun inggih .........(jeneng nganten putri)........... ingkang sampun kaakid-nikahaken dhuk kala~wau/wingi/emben dening Bp Petugas Pencatat Nikah Kecamatan ...................., nuwun inggih dinten ........................, surya kaping ........................., wonten ing ................................ 
Ingkang menika, kanthi raos suka lila legawaning manah, kula pasrahaken sakwetahipun, penganten kekalih ingkang sampun sah menggah satataning agami lan negari menika, mugi kepareng katampi,  kinanthenan pangajab mugi karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga anak/adhi kula pun ....(jeneng manten putri).... menika sagedta netepi jejering wanita ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale griya, saha bekti dhateng para pepundhen, lan tansah pasrah sumarah kanthi patrap pangibadah dhumateng ngarsaning Gusti.



Ugi mboten kesupen, kula pasrahaken putra-putra temanten menika wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu sak murwatipun.



Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, panyaruwe, lan panyendhu rikalaning kirang leres, ingkang tundhonipun saged migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer menika lare, waleh-waleh menapa, inggih nuwun sewu, menika lare ndhusun, temtu kemawon kathah kekirangan ing seserepanipun, pramila mugi keparenga hangegungaken pangaksaminipun, keparenga sabar pamomongipun, sahengga tundhonipun saged dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma amin.



Sanggya adilenggah, kakung sumawana putri ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, pramila kula cekapaken semanten kemawon pamatur kula. Dene saparipurnaning pahargyan ing mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara, nir-ing-sambekala.



Ing wasana, mbokbilih wonten kalepatan, kekirangan, saha kiranging trapsila anggen kula matur, menapadene sowan kula sarombongan mboten andadosaken pirenaning penggalih, keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Akhirul kalam, billahittaufiq walhidayah.
Wassalamu'alaikum wr.wb.




Komentar

Postingan populer dari blog ini

PERSIAPAN PENSIUN DENGAN HOBI PRODUKTIF