pidato pasrah penganten ( jawa )

pidato pasrah penganten kakung Assalamualaikum Wr.Wb o Poro pepunden sesepuh aji sepuh ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur o Poro pinisepuh saha sesepuh ingkang hanggung hamastuti dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan o Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih. o Nuwun inggih para brayat ageng barayo wiro wiyoto wiro tamtomo purno karyo labet projo ingkang sampun wenang nampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo. o Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama, bopo haji saha ibu hajah poro santriwan santriwati ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi, pinangka panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi. o Poro sedyo werdo carono madyo tamu kakung miwah putri ingkang satuhu bagyo mulyo. Sang yaning ...